Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pameran Seni Rupa Siswa

Pameran Seni Rupa Siswa

Sleman, www.jogjatv.tv – Pendidikan seni inggih salah satunggaling sarana tumrap para siswa kangge ngasah raos lan bakatipun ingkang badhe migunani ing tembenipun kepara samangke kathah tetiyang ingkang kasil jalaran nekuni karemenanipun ing jagading seni.

Kadosta ingkang dipun tindakaken dening para siswa kelas IX SMP Negeri 1 Ngemplak. Atusan wohing pakaryan seni rupa dipun pajang dhateng gedhung sekolah saperlu dipun pameraken lan tinarbuka kangge umum. Wohing pakaryan ingkang dipun pameraken  inggih satunggaling tugas saking sekolah, ndungkap kelulusan siswa dene maneka barang ingkang dipun pajang ugi dipun sade lan saged dipun tumbas kangge koleksi.

Sekolah sakalangkung nyengkuyung kridhanipun para siswa kanthi mbangun gedhung mligi kangge pameran. Boten namung lukisan kemawon, para siswa kelas VII lan VIII ugi wonten tugas tambahan kadosta damel souvenir utawi kerajinan kajeng. Kreatifitas kados makaten minangka langkahipun sekolah kangge nggladhi para siswa wiraswasta lan ngasah kasagedan ingkang migunani tumrap para siswa sasampunipun lulus sekolah. ( Heri Susanto )

Share this with friends

Comments are closed.