Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

MEA, Kalodhangan Tumrap Pebisnis Taneman Lokal

MEA, Kalodhangan Tumrap Pebisnis Taneman Lokal

Kota Yogyakarta,www.jogjatv.tv –Masyarakat Ekonomi Asean (MEA) boten namung dados tantangan tumrap Pemerintah Indonesia kemawon nanging ugi tumrap pelaku bisnis nuswantara, kangge nepangaken produk wohing pakaryanipun dhateng jagat internasional. Bab wau ingkang ugi dipun raosaken dening pelaku bisnis taneman lokal. Miturut salah satunggaling bakul taneman, Yanti Wibowo, prasasat saben wewengkon Indonesia gadhah taneman ingkang sae lan endah, taneman pasren, taneman obat, punapadene woh-wohan. Awit saking punika, Yanti boten namung sadeyan taneman kemawon nanging ugi nangkaraken sarta inovasi jinis taneman enggal kanthi metode penyilangan tanaman supados monjo ing jagad internasional.

Wondene miturut bakul taneman sanesipun, Sri Yanti, tumapak lampahing MEA pebisnis taneman lokal kedah gadhah strategi cerdas, kangge inovasi tanemansupados saged rebat unggul kaliyan taneman saking ngamanca. Kejawi punika, pemerintah suka panjurung lan ngampingi pebisnis taneman lokal,kanthi suka seserepan bab taneman, lumantar tenaga ahli. ( Twin Kumilah )

Share this with friends

Comments are closed.