Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kampung KB

Kampung KB

Gunungkidul, www.jogjatv.tv –Dhusun Wonolagi, Ngleri, Playen, Gunungkidul dipun tetepaken minangka Kampung KB dening BPMKB Gunungkidul. Kampung KB punika kadhapuk laras kaliyan Instruksi Presiden kangge ngendhaleni pertumbuhan penduduk, katitik samangke angka kelahiran kapetang inggil. Dhusun Wonolagi ingkang warganipun 49 KK, kadhapuk minangka Kampung KB awit kawawas saking kawontenan geografis, warga ingkang tumut KB namung sekedhik kamangka warga usia subur kathah. Tetepan lan pandhapuking Kampung KB inggih langkahipun pamarentah kangge nyuda angka kelahiran nasional. Kaajab sasampunipun katetepaken minangka Kampung KB, ugi kadhapuk kridha bina lansiasarta wontenipun pusat informasi dan konseling remajasupados masyarakat saged langkung pana dhateng seserepan bab KB. Dhusun Wonolagi kapetang kampung ingkang dumunung ing pedalaman awit margi tumuju dhateng kampung kasebat taksih rekaos kaambah, ndedel minggah lan langkung pareden. Kanthi absah Kampung KB badhe dipun kepyakaken sesarengan dhateng Bangsal Kepatihan Ngayogyakarta, tanggal 2 Februari benjing.

Miturut Kepala BPMKB Kabupaten Gunungkidul, Sujoko, kanthi kadhapukipun Kampung KB kaajab seserepan bab KB saged dipun tampi dening masyarakat lan kaajab langkah pamarentah tepat sasaran satemah angka kelahiran mliginipun ing Kabupaten Gunungkidul saged dipun suda.

( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.