Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ewonan Warga Tumbas Paket Sembako Mirah

Ewonan Warga Tumbas Paket Sembako Mirah

Klaten , www.jogjatv.tv – Ewonan warga ing Klaten, Jawa Tengah , dinten Jemuwah (22/1) siyang, antri tumbas paket sembako, salebeting pasar murah lan usada lelahanan, ingkang dipun adani dening anggota DPR RI ,Endang Srikarti Handayani, ing Lapangan Socokangsi, Jatinom, Klaten.

Wiwit enjing ewonan warga Socokangsi lan sakiwa tengenipun antri tumbas paket sembako mirah, isi 2 kilo lisah goreng lan 2 kilo gendhis pasir, pengaos Rp 50.000,00. Warga ingkang badhe mendhet paket sembako kedah bekta fotocopy KTP lan mbayar Rp 25.000,00. Pasar murah lan usada lelahanan samangke, dipun gelar tembayatan kaliyan   perusahaan ingkang makarya salebeting bidang pertanian lan kasarasan dene ancasipun kangge ngenteng-entengi sesanggan warga salebeting nyekapi kabetahan padintenan sarta ladosan kasarasan.

Pasar murah lan kridha usada lelahanan kasebat pikantuk tanggapan gumathok saking masyarakat awit saged biyantu warga salebeting nyekapi kabetahan padintenan. ( Haryadi )

 

 

 

 

 

Share this with friends

Comments are closed.