Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ngocal Uwuh Dados Barang Ingkang Migunani

Ngocal Uwuh Dados Barang Ingkang Migunani

Solo, www.jogjatv.tv – Menawi kreatif, uwuh ingkang asring damel kuwatos masyarakat, tetela saged dipun ocal dados barang ingkang migunani lan ageng pengaosipun. Kadereng raos prihatos dhateng uwuh, Denok Marty Astuti, kanthi nanjakaken bahan baku uwuh, antawisipun plastik, kertas, kardus lan botol bekas. Kanthi daya kreatifitasipun Denok Marty Astuti, Warga Purwosari, Solo, Jawa Tengah, uwuh dipun ocal kangge damel maneka kerajinan ingkang ageng pengaosipun, ngantos yutan rupiyah, gumantung remitipun cara damel.

Kejawi ngajak masyarakat supados greget ngemonah uwuh, lulusan Fakultas Ekonomi Universitas Indonesia punika, ugi ngajak masyarakat supados samekta ngadhepi lampahing Masyarakat Ekonomi Asean kanthi jor-joran salebeting industri kreatif. Awit saking punika, Denok tansah suka seserepan dhateng masyarakat, kangge damel kerajinan saking uwuh.

Awit dipun ayahi kanthi tumemen, industri kreatif ingkang nembe setaun dipun tekuni kasebat, omsetipun nggayuh welasan yuta rupiyah . Kajawi punika, Denok Marty Astuti ugi nampi tandha pangalembana awit kawigatosanipun dhateng uwuh , tataran nasional ngantos Asean. Seminggu kapengker, Denok makili Indonesia salebeting pertemuan pelaku usaha kreatif ing Myanmar. ( Heru Kristyanto )

Share this with friends

Comments are closed.