Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Mbah Guno Seda

Mbah Guno Seda

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Pelawak kaloka saking Ngayogyakarta, Kanjeng Raden Tumenggung (KRT)Susanto Guno Prawiro utawi  Mbah Guno, seda. Layon pelawak yuswa  88 taun punika, dipun leremaken sedinten ing griya duhkita, Wijilan,Gondokusuman , Ngayogyakarta.

Wiwit enjing atusan warga dhateng griyanipun  KRT Susanto Guno Prawiro kangge asung bela sungkawa.

Pelawak alumni teknik sipil UGM punika, seda dinten Rebo (15/6) lan  mondhok ing Rumah Sakit  PKU Muhamadiyah Ngayogyakarta 15 dinten. Swargi Mbah Guno inggih  pelawak sarta seniman ketoprak kaloka, ingkang ugi Dosen Pelawak Sepisanan  ing Istitute Sini Indonesia.

Layonipun Mbah Guno, dipun sarekaken, dhateng kompleks pasareyan  seniman ing tlatah  Imogiri, Bantul, dinten Kemis (16/6) siyang.

Swargi Mbah Guno dipun paringi tandha  pangalembana minangka  Budayawan Seniman dening Sri Sultan Hamengkubuwono IX  taun 1984. Mbah guno nilar putra 9 , wayah 15 lan buyut 2. ( Fauzan Ahmad )

Share this with friends

Comments are closed.