Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Omset Perajin Sarung Goyor Mindhak

Omset Perajin Sarung Goyor Mindhak

Magelang, www.jogjatv.tv – Welingan perajin sarung goyor, ing kitha magelang,  wulan romadhon samangke mindhak satus persen . Industri tenun ingkang madeg taun 1949 punika, ngantos samangke nanjakaken Alat Tenun Bukan Mesin (ATBM) pramila produksinipun winates. Sarung goyor inggih sarung ingkang sae mutunipun lan  ageng pengaos seninipun, bahan bakunipun  benang sutra lan katun. Satunggaling industri sarung tenun ingkang ngantos samangke nanjakaken alat tenun bukan mesin punika, dumunung ing Kelurahan Potrobangsan, Kecamatan Magelang Utara , Kota Magelang.  Miturut perajin sarung goyor,  Umar Saleh, kangge damel sarung goyor betahaken wekdal setengah wulan. Pandamelipun kapetang njlimet, kedah temen, permati lan  sabar.  Sarung goyor langkung unggul tinimbang sarung sanesipun  awit anyep , alus , motifipun nyleneh lan produksinipun winates.

Sarung goyor padatan dipun agem dening para ulama , pengusaha lan para priya ing Nagari Timur Tengah dene Wulan Romadon samangke, welingan sarung goyor mindhak 100 persen tinimbang dinten padatan.

Jalaran produksinipun winates pramila saben Wulan Siyam,  ekspor sarung goyor dhateng nagari Timur Tengah lan Afrika dipun kendeli, supados saged  nyekapi kabetahan salebeting nagari. ( Yuki Pramudya )

Share this with friends

Comments are closed.