Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Dungkap PPDB,  Mratah Spanduk Promosi Sekolah

Dungkap PPDB,  Mratah Spanduk Promosi Sekolah

Sleman, www.jogjatv.tv – Dungkap  Pendaftaran Peserta Didik Baru (PPDB) taun ajaran 2016-2017, ing Sleman mratah spanduk PPDB dhateng margi-margi mathis antawisipun dhateng salah satunggaling margi mathis ing tlatah Seyegan. Nalika pepanggihan kaliayan juru warta, Kepala Dinas Pendidikan Pemuda Dan Olahraga Kabupaten (Disdikpora) Sleman, Arif Haryono,mratelakaken,  PPDB ing Sleman sampun dipun temtokaken.  Kangge tataran TK lan SD, tanggal 20-22 Juni, SMP Negeri, tanggal 27 – 29 Juni, SMP  swasta, tanggal  27 – 30 Juni, SMA Negeri, tanggal 22 – 24 Juni,SMA swasta, tanggal 22 – 25 Juni,SMK Negeri tanggal 22 – 25 Juni dene SMK swasta  tanggal 22 -27 Juni 2016. Saking panyemak  Dinas Dikpora Sleman, ngantos samangke dereng wonten  sekolah ingkang mbikak pendaftaran sinaosa makaten  kathah ingkang nampi titipan calon pendaftar .

Arif Haryono mratelakaken, daya tampung sekolah kangge maneka tataran pendidikan ing Sleman taun ajaran 2016-2017 , 44.932 siswa. Daya tampung Sekolah Dasar 17.500 siswa, SMP 13.556 siswa, SMA 4.776 siswa dene  daya tampung siswa SMK Negeri lan swasta, 9.120 siswa. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.