Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Malem Selikuran Kraton Surakarta

Malem Selikuran Kraton Surakarta

Solo, www.jogjatvtv – Kangge mahargya tumedhaking Malem Lailatul Qodar, Kraton Kasunanan Surakarta nggelar upacara  Kirab Malem Selikuran. Upacara sampun dipun tindakaken wiwit jamanipun Sri Susuhunan Paku Buwana X.

Upacara Kirab Malem Selikuran kawiwitan kirab prajurit, abdi dalem,sarta sentana dalem, saking Kraton Kasunanan Surakarta tumuju dhateng Mesjid Agung Surakarta, kanthi sesuluh puluhan lampu ting dene ing perangan wingking para abdi dalem mbekta sekul tumpeng sewu, wujud sekul jangkep salawuhanipun

Malem Lailatul Qodar utawi malem sewu candra dipun pitados dening Umat Islam, tumedhak ing dinten-dinten ganjil, 10 dinten pungkasan ing Wulan Siyam. Salebeting sejarah, nalika malem ganjil punika Kangjeng Nabi sarta para sekabat, mboten sare lan kathah ndedonga. Sedaya damar ing griyanipun Warga Madinah murub satemah suwasana Kitha Madinah dados padhang.

Dumugi Mesjid Agung , pasarta kirab mlempak nyawiji kaliyan warga ingkang sampun nyrantos, kalajengaken ndedonga sesarengan, nyuwun pangaksama dhateng ngarsaning Gusti awit sedaya dosa lan kalepatan sarta nyuwun lumubering berkah ing 10 dinten pungkasan Wulan Siyam.

Sasampunipun ndedonga, ewonan sekul tumpeng ingkang dipun wungkusi dipun dumaken dhateng para abdi dalem lan warga ingkang dhateng. Lampah upacara Kirab Malem Selikuran inggih tradisi Kraton Surakarta kangge mahargya malem kaping 21 ing Wulan Siyam, kanthi pangajab saged pikantuk sawab berkah tumedhaking Malem Lailatul Qodar. ( Heru Kristianto )

Share this with friends

Comments are closed.