Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Impor Daging Peternak Lembu Kapitunan

Impor Daging Peternak Lembu Kapitunan

Bantul, www.jogjatv.tv — Sinaosa pamarentah sampun impor daging lembu, nanging ngantos samangke regi daging lembu taksih popog awis, langkung saking satus gangsal welas ewu rupiyah saben kilonipun. Dipun kuwatosaken kawontenan punika kepara malah badhe dipun tanjakaken dening importir daging kangge dolanan regi.

Bab kasebat kawedhar salebeting diskusi antawisipun praktisi peternakan UGM kaliyan peternak lembu Kelompok Sidomulyo,Segoroyoso,Pleret, Bantul. Samangke peternak lembu sami kuwatos awit wontenipun kawicaksanan pemerintah kangge ngimpor daging lembu. Bab kasebat, sinaosa impor daging sampun kalampah, nanging regi tetep popog awis. Kawontenan punika njalari regi lembu anjlok, satemah peternak kedah nandhang kapitunan.

Dekan Fakultas Peternakan UGM, Ali Agus nelakaken kuwatos, menawi impor daging lembu tetep lumampah pramila badhe njalari kapitunanipun peternak lembu lokal. Mindhakipun regi daging lembu saestunipun inggih namung mangsan, padatan ndungkap riyaya kemawon. Miturut Ali Agus, kawontenan punika boten kedah dipun tanggapi kanthi impor daging nanging kepara nambah populasi lembu gesang sawetawis wulan saderengipun.

Wondene miturut Ketua Asosiasi Peternak Sapi Segoroyoso, Ilham Ahmadi  menawi impor daging namung sawetawis wekdal ndungkap lebaran kemawon boten badhe mangaribawani tumrap ppeternak lembu nanging menawi impor taksih dipun lajengaken ngantos regi daging lembu antawis Rp.80.000,00 pramila badhe kathah peternak lembu lokal ingkang kukut. ( Anang Zainudin )

 

Share this with friends

Comments are closed.