Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pasar Sembako Lan Busana Mirah

Pasar Sembako Lan Busana Mirah

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Warga Desa Jeruksari, Kecamatan Wonosari, Kabupaten Gunungkidul sami dhateng ing pasar murah Forum Silahturahmi Keputrian Desa Jeruksari. Atusan paket sembako mirah ingkang dipun cawisaken dening panitia, tumuli telas. Kejawi punika warga ugi sami milih busana mirah ingkang kacawisaken dening panitia, kanthi regi antawis Rp.2.000,00 ngantos Rp.5.000,00 saben potong.

Kejawi punika, panitia ugi nyawisaken sembako mirah kadosta uwos, glepung, gendhis pasir, kecap, saos, lisah goreng lan kabetahan sanesipun. Paket sembako pengaos langkung saking Rp.70.000,00 saged dipun tumbas dening warga kanthi regi Rp.20.000,00.

Wontenipun pasar sembako mirah kados makaten kawawas mbiyantu sanget tumrap warga masyarakat miskin awit samangke maneka barang kabetahan baku reginipun mindhak. Kawanatus paket sembako mirah ingkang dipun cawisaken dening panitia, kirang saking setunggal jam lajeng telas. ( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.