Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Lebaran Sapi 

Lebaran Sapi 

Boyolali, www.jogjatv.tv – Lebaran boten namung dipun pahargya dening manungsa kemawon. Lembu lan menda gadhahan Warga Desa Sruni,Kecamatan Musuk,Boyolali, Jawa Tengah ugi tumut mahargya lebaran. Sasampunipun wonten aba-aba, warga nuli nggiring rajakaya gadhahanipun tumuju dhateng tengah kampung. Rajakaya nuli dipun kalungi kupat , lajeng dipun arak mubeng kampung satemah swasana dados memper peken rajakaya. Pedhet ngantos babon lembu, dipun klempakaken dados setunggal. Tradisi lebaran sapi, dipun tindakaken wiwit jaman nenek moyang, seminggu sasampunipun Dinten Riyaya Idul Fitri. Boten namung dipun kalungi kupat kemawon, sedaya rajakaya ugi dipun pakani kupat, ancasipun supados rajakaya ingkang dipun ingah sageda tumangkar. Sasampunipun dipun arak, lembu lan menda dipun lebetaken kandang malih. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.