Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

HIPMI Tumemen Ngampingi Pengusaha Muda

HIPMI Tumemen Ngampingi Pengusaha Muda

Bantul, www.jogjatv.tv – Satunggaling wirausaha betah panyengkuyung saking maneka pehak, boten namung babagan pawitan kemawon.Mapan ing pendhapi Parasamya Pemkab Bantul, Badan Pengurus Cabang Himpunan Pengusaha Muda Indonesia (HIPMI) Cabang Bantul, dinten Kemis (14/7) siyang ngadani Temu Wirausahawan Muda Kabupaten Bantul, dipun estreni puluhan pengusaha muda ingkang ngantos samangke  ndayakaken kaskaya wewengkonipun.

Salebeting pambagyanipun, Wakil Bupati Bantul, Abdul Halim Muslih mratelakaken, program Pemerintah Bantul salebeting ngindakaken daya saing daerah badhe kabiyantu menawi wirausaha muda saged bikak kalodhangan pakaryan lan  ndayakaken kaskayaning wewengkon.

Wondene Ketua BPC HIPMI Bantul, Tina Asmara mratelakaken, salebeting proses penjajagan samangke,  pehakipun badhe memitran kaliyan sedaya  wirausahawan muda ing Bantul amrih majenging wewengkon. HIPMI Bantul badhe biyantu madosaken perizinan, lan badhe tembayatan kaliyan HIPMI DIY, ing babagan pemasaran produk UMKM wirausaha Bantul. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.