Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi Daging  Lan Sayuran Mandhap

Regi Daging  Lan Sayuran Mandhap

Klaten, www.jogjatv.tv – Kalih dinten pungkasan regi daging lembu lan daging ayam ing Peken Induk Klaten mandhap. Miturut salah satunggaling bakul  daging ayam , Harti, dungkap Dinten Riyaya Idul Fitri, regi daging ayam nggayuh Rp.45.000,00 samangke mandhap dados  Rp.35.000,00 saben kilo dene  regi daging lembu ingkang sakawit Rp.140.000,00 samangke mandhap dados Rp.110.000,00 saben kilo. Samangke regi daging mandhap awit kabetahan masyarakat suda dene  pasudiyanipun cekap.

Kajawi regi daging lembu lan daging ayam, regi sayuran lan bumbon samangke ugi mandhap.  Regi lombok abrit kriting ingkang nalika lebaran nggayuh  Rp.40.000,00 mandhap  dados Rp.10.000,00 saben kilo. Regi lombok  rawit ingkang sakawit Rp.40.000,00 mandhap dados Rp.25.000,00 saben kilo dene regi timun, kobis lan maneka  sayuran mandhap  2 ewu ngantos 3 ewu rupiyah saben kilo. Kosok wangsulipun regi kentang kepara mindhak. Sakawit Rp.11.000,00 samangke  Rp.16.000,00 saben kilo. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.