Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kunjungan Kerja Dubes

Kunjungan Kerja Dubes

Gunungkidul, www.jogjatv.tv –Tigang dasa tigaduta besar lan calon Duta Besar Indonesia ingkang badhe makarya dhateng 33 negara sahabat nindakaken kunjungan kerja dhateng sawetawis papan wisata ing Gunungkidul. Salebeting kalodhangan kasebat para dubes nyemak potensi wisata ing Kabupaten Gunungkidul lan salajengipun badhe dipun biwarakaken dhateng ngamanca papanipun ngayahi minangka duta besar. Para dubes ngajab potensi wisata ing DIY kedah dipun pepetri awit kaskaya budaya lokal lan kaendahan alam ingkang alami langka kapanggihaken jalaran mratahipun bangunan pencakar langit ing Indonesia. Kejawi punika kaskaya wisata ing Gunungkidul kedah dipun dayakaken amrih karaharjan warga sakiwa tengen papan wisata mindhak.

Nalika rawuh dhateng Embung Nglanggeran, miturut calon Dubes Thailand, Ahmad Rusdi, papan wisata ing DIY kedah dipun biwarakaken ngantos tataran internasional jalaran potensi wisata ingkang alami, tansah dados jujugan wisatawan. Awit saking punika pengelola wisata sarta masyarakat kaajab njagi kaendahan papan wisata lan gapyak dhateng wisatawan.

( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.