Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

KONI Sleman Lan Bantul Ndhapuk FKK Sa DIY

KONI Sleman Lan Bantul Ndhapuk FKK Sa DIY

Sleman, www.jogjatv.tv –Pengurus KONI Bantul, dinten Kemis (21/1) siyang studi banding babagan sistem pencairan dana hibah saking pemerintah daerahsarta tatacara pengelolaan dhateng KONI Sleman. Miturut Ketua KONI Bantul ,Subandriyo, studi banding dipun lampahi awit pencairan dana hibah saking Pemerintah Daerah Kabupaten Bantul ingkang dipun tampi KONI Bantul sakelangkung njlimet lan asring randhatsatemah pengurus KONI asring tombok kangge ngadani maneka kridha KONI. Bab sami tetela ugi dipun raosaken dening pengurus KONI Sleman, kepara sedaya KONI ing tlatah DIY ugi nemahi bab ingkang sami. Wusananipun KONI Sleman lan Bantul gadhah gagasan ndhapuk Forum Komunikasi KONI (FKK) sa DIY, kangge ngudhari perkawis nalika nampi dana hibah saking pemerintahsarta kangge nggumathokaken sistem pengelolaan dana hibah ingkang dipun tampi KONI saking pemerintah daerah, amrih pembinaan olahraga ing DIY rancag. Miturut Ketua KONI Bantul, Subandriyo lan Ketua KONI Sleman, Pramana, FKK sa DIY kawawas wigati pramila kedah tumuli dipun wujudi.

Miturut Pramono, dhapukan Forum Komunikasi KONI sa DIY boten nerak pranatanawit salebeting pembinaan olahraga tansah nuhoni pranatan KONI DIY punapa dene KONI pusat, pramila wontenipun forum komunikasi KONI sa DIY badhe njurung pembinaan olahraga ing saben wewengkon.

( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.