Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kripik Gadung

Kripik Gadung

Sleman, www.jogjatv.tv – Sinaosa kawontenanipun sarwa winates,warga karang padhusunan tansah kupiya nyekapi kabetahan padintenanipun.  Pariden ingkang cengkar tetela saged dipun dayakaken minangka sumber pamedal kulawarga,antawisipun kanthi ngocal pala kapendhem ingkang ngandhut racun dados nyamikan miraos ingkang ageng pengaosipun. Pala kapendhem wau inggih gadung. Tumrap  warga Pereng Prambanan, gadung ingkang dipun panen saben mangsa ketiga dipun ocal minangka sumber pamedal kulawarga.

Miturut salah satunggaling perajin kripik gadung ing Desa Gayamharjo,Prambanan, Sleman, Sri Rahayuningsih namung sekedhik warga ingkang purun ngocal gadung awit ngandhut racun saged njalari mumet lan luntak-luntak dene tlutuhipun njalari gatelen. Ngocal gadung betah cara mirunggansupados aman  dipun konsumsi. Sasampunipun dipun onceki, gadung dipun rajang tipis-tipis lajeng dipun pepe ngantos garing,  nuli dipun dang lan dipun pepe malih ngantos garing. Salajengipun dipun kum toya sadangunipun seminggu lan saben dinten toyanipun dipun gantos supados racunipun ical. Sasampunipun seminggu gadung nuli dipun ntas lan dipun bumboni lajeng dipun goring.

Awit caranipun ngocal sakelangkung njlimet pramila regi  kripik gadung awis 30 ewu rupiyah saben kilo. Sadangunipun sewulan Sri Rahayuningsih saged nyade setengah kuintal kripik gadung. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.