Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kapolda Nyemak Kridhaning Babinkantimbas

Kapolda Nyemak Kridhaning Babinkantimbas

Bantul, www.jogjatv.tv – Jajaran Polda DIY, tansah kupiya supados saged rumaket kaliyan masyarakat. Dinten  Rebo (28/9) siyang Kapolda  DIY, Brigjen Pol Prasta Wahyu Hidayat rawuh dhateng  Bantul,kangge nyemak ayahan Babin Kamtibmas.

Wonten ing kalodhangan kasebat,Kapolda DIY , Brigjen Pol Prasta Wahyu Hidayat , ngepyakaken angkringan gadhahanipun Misbah , Warga Mandingan, Ringinharjo, Bantul . Misbah ingkang pakaryan bakunipun guru ngaos  punika nampi bantuwan angkringan saking Babinkamtibmas Polsek Bantul.. Kapolda njurung gregeting Misbah kangge sadeyan angkringan dene wonten ing kalodhangan kasebat kapolda ngajak kapolres lan jajaranipun dahar dhateng  angkringan .

Bripka Winardi mratelakaken kupiya suka kawigatosan tumrap  masyarakat supados saya rumaket. Sadanganunipun   setaun makarya mingangka Babinkamtibmas dhateng Kelurahan Bantul , pehakipun sampun suka bantuwan  angkringan cacah tiga tumrap warga ing wewengkon kasebat.

Saderengipun Kapolda tetinjo lampahing pambangunan MCK ing tlatah Kaligawe, Bantul . Miturut Kapolda polisi inggih minangka  pengayom lan ngladosi masyarakat  lan kaajab tansah dipun tindakaken salebeting gesang padintenan.  Salah satunggaling warga panampi bantuwan, Supriyadi rumaos remen lan trenyuh nampi bantuwan saking pehak kepolisian. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.