Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Gelar Budaya Daur Kehidupan

Gelar Budaya Daur Kehidupan

Sleman, www.jogjatv.tv – Pemerintah  Desa Wedomartani, Kecamatan Ngemplak, Sleman, dinten Selasa (27/9) siyang, ngadani kridha   gelar budaya daur kehidupan mapan ing Balai Desa Wedomartani. Wonten ing kalodhangan kasebat dipun gelar maneka upacara kridha  daur kehidupan, ing madyaning masyarakat,  wiwit saking babaran  pala krama lan tilar donya.  Rerangkening upacara ingkang dipun gelar antawisipun upacara adat mitoni, mendhem ari-ari, brokohan, puputan, sepasaran, selapanan, tedak siten, khitanan lan upacara palakrama. Salebeting kalodhangan kasebat ugi dipun tindakaken  upacara adat daur kematian, inggih tata rakiting pangrukti layon, dzikir lan nyadran.  Kajawi punika ugi dipun pitontonaken maneka upacara adat ingkang ajeg dipun tindakaken dening Warga Desa Wedomartani, inggih upacara adat bersih dusun lan upacara adat wiwit saderengipun panen pantun.

Miturut Sekdes Wedomartani, Sumartono, gelar budaya dados kalodhangan kangge evaluasi lampahing kridha budaya sarta minangka kupiya kangge memetri kagunan  budaya tilaran nenek moyang.

Gelar potensi budaya Desa Wedomartani, Kecamatan Ngemplak Sleman ajeg dipun tindakaken 2 taun sepisan. ( Subardi )

 

Share this with friends

Comments are closed.