Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ngimpun Redana Kangge Korban Bena Garut

Ngimpun Redana Kangge Korban Bena Garut

Sragen, www.jogjatv.tv – SD Aisyiyah Gemolong, Sragen, Jawa Tengah, ngimpun redana, kangge ngenteng-entengi sesangganing korban musibah bena ing Garut .Jawa Barat. Redana wau kaimpun salebeting  apel penggalangan dana ing pelataran SD.

Siswa SD Aisyah, wiwit kelas 1-6 ingkang cacahipun  682 siswa lan 55 guru sarta karyawan nyumbangaken redana kangge korban musibah bena ing garut, jawa barat. Miturut kepala sd aisyah, murdiyanto, kridha kasebat mengku ancas kangge ndunungaken siswa  SD Aisyiyah Gemolong supados migatosaken sesanggan asanes.

Sasampunipun apel penggalangan dana , siswa dipun ajak ngetang redana ingkang kaimpun dene redana ingkang kaimpun gunggungipun Rp. 9.106.500,00. Redana kasebat dipun sumbangaken  lumantar  Lazismu Sragen ingkang salajengipun badhe dipun pasrahaken dhateng korban bena ing Garut, Jawa Barat. ( Heru Kristiyanto )

Share this with friends

Comments are closed.