Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kirab Budaya Soropaten

Kirab Budaya Soropaten

Klaten, www.jogjatv.tv – Kangge mahargya warsa enggal 1437 Hijriyah, warga Desa Soropaten, Kecamatan Karanganom, Kabupaten Klaten, Jawa Tengah,   nggelar kirab budaya. Kridha ajeg dipun gelar saben Wulan Sura ing pendhapi pasareyan Kyai Karsorejo.

Kirab dipun estreni dening warga Desa Soropaten lan sakiwa tengenipun, ngarak gunungan wulu wedaling bumi sarta dipun regengaken maneka kridha seni antawisipun topeng ireng, lan reog, nempuh lampah 1 kilometer. Sasampunipun kirab, gunungan dipun rayah dening warga dene pucaking kridha dipun adani pagelaran ringgit purwa. Ancasipun kangge ngleluri kagunan budaya aduluhung ingkang dipun tindakaken kanthi turun tumurun sarta kangge ngenget-enget labuh labet Kyai Karsorejo, satunggaling pejuwang saking desa kasebat.

Kajawi warga Desa Soropaten, warga Desa Brangkal Kecamatan Karanganom, malem kemis (21/10) kalawingi, ugi ngadani upacara bersih desa, kanthi nanggap ringgit purwa, ing pendhapi pasareyan Seneng. Pagelaran ringgit katindakaken dening dhalang Ki Bagong Darmono , mbabar lampahan Sudomolo . Upacara bersih desa mengku ancas kangge memetri kagunan   budaya adiluhung sarta kangge silahturahmi ing antawisipun warga. ( Purwanto )

 

 

Share this with friends

Comments are closed.