Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kirab Gunungan Thiwul Pengetan Hari Santri

Kirab Gunungan Thiwul Pengetan Hari Santri

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Kangge mengeti Hari Santri Nasional , ingkang dipun pengeti saben tanggal 22 Oktober, Pondok Pesantren Al Mumtaz Patuk, Gunungkidul nggelar pawai, ngarak gunungan thiwul.

Thiwul inggih tetedhan mirunggan saking Gunungkidul , dene tumpeng cekakan saking tujuan lempeng. Awit saking punika, ngarak tumpeng tiwul dados panegmba bilih para santri gadhah panjangka ingkang luhur. Kirab nempuh lampah 2 kilometer, langkung margi mathis Ngayogyakarta – Gunungkidul, tumuju lapangan. Dumugi lapangan para santri nedahaken kasagetanipun ngungelaken drum band.   Pucaking kridha gunungan thiwul kangge rayahan, para santri. Santri Al Mumtaz boten namung dipun gegulang bab ngelmi agami kemawon nanging ugi dipun gladhi wirausaha antawisipun damel deterjen, roti, busana lan ngocal toya mineral.

Miturut Pangarsa pondok pesantren Al Mumtaz, Muhamad Khoiron para santri dipun gladhi supados mandiri lan greget nglajengaken perjuwangan amrih santosaning bangsa lan nggadahi bebuden luhur. ( Anjar Ardityo )

 

Share this with friends

Comments are closed.