Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Apel Pengetan Hari Santri Nasional

Apel Pengetan Hari Santri Nasional

Bantul, www.jogjatv.tv – Kangge mengeti Hari Santri Nasional, atusan santri ing Kecamatan Sewon, Bantul tumut apel bersama ing lapangan Panggungharjo, dinten kemis (22/10) enjing. Salebeting kalodhangan kasebat, para santri ugi maos ikrar minangka santri Ahlusunah Waljamaah yang setia kepada Pancasila dan UUD 1945 .

Atusan santri , wiwit siswa   kelompok bermain , taman anak kanak , sd ngantos madrasah aliyah ingkang dipun suhi dening nahdatul ulama bantul utara tumut apel bersama pengetan Hari Santri Nasional. Sianosa hawa sakelangkung benter nanging para santri katingal greget ngestreni upacara.

Miturut Pembina upacara, Ketua Majelis Cabang Nahdatul Ulama Kecamatan Sewon , Taufik Damiri , apel bersama inggih wujud raos syukur awit pangalembana pemerintah dhateng perjuwangan para santri salebeting nggegegi kamardikan Nagari Indonesia . Nalika   tanggal 22 oktober 1945 wonten kedadosan wigati , inggih Hadratus Syekh Hasyim As’ari gadhah gagasan ngadani pepanggihan kaliyan para kiai NU sa Indonesia, ing Pondok Pesanren Tebu Ireng kangge ngrembang perjuwangan salebeting nggegegi kamardikan ngkang dipun sebat minangka Resolusi Jihad NU.

Sasampunipun apel, para santri pawai mubeng komplek pesantren Alimaksum Krapyak, kangge napak tilas Resolusi Jihad , gagasanipun Kiai Haji Hasyim As’ari . ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.