Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kethek Wanan Ngrisak Taneman Pertanian

Kethek Wanan Ngrisak Taneman Pertanian

Boyolali, www.jogjatv.tv – Petani ing wewengkon Pereng Redi Merapi lan Merbabu pisambat jalaran kathah kethek ingkang mandhap saking redi lan damel risak taneman. Maneka cara sampun dipun tempuh antawisipun kanthi masang jala dhateng sakupenging pategalan  nanging tetela asilipun kirang tumanja.

Para petani ing wewengkon Desa Gebyog, Kecamatan Selo, Boyolali, Jawa Tengah tlatah Pereng Redi Merapi lan Merbabu namung saged pasrah ningali maneka tanemanipun risak dipun rayah ketheh ingkang mandhap saking redi. Sawetawis taneman sayuran kadosta brokoli, wortel, lan loncang risak dipun tedhi utawi kepidak-pidak kethek wanan kasebat. Maneka cara sampun dipun tempuh, wiwit saking nenggani pasabinan ngantos masang jala nanging paneraking ama punika dereng saged dipun kendhaleni.

Petani ngajab pemerintah kbupaten utawi bebadan ingkang kawogan supados tumuli tumandang kangge nggusah ama kasebat supados wangsul dhateng habitat sakawit ing wana Redi Merapi lan Merbabu. ( Haryadi )

 

Share this with friends

Comments are closed.