Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Dispertahut Kangelan Ngawisi Ngumbar Ternak Dhateng TPST

Dispertahut Kangelan Ngawisi Ngumbar Ternak Dhateng TPST

Bantul, www.jogjatv.tv – Taksih kathahipun rajakaya ingkang dipun umbar dhateng  Tempat  Pengeloaan Sampah Terpadu (TPST) Piyungan, nuwuhaken raos was sumelang . Kasarasan rajakaya wau dados pitakenan awit kathah ingkang nedha bahan-bahan bebayani. Sinaosa makaten, Dispertahut mboten saged ngawisi peternak supados boten ngumbar rajakaya dhateng Tempat Pembuangan Sampah.

Pelaksana Teknis Dinas Pertanian dan Kehutanan Kabupaten Bantul, Pulung Haryadi mratelakaken, mboten saged ngawisi peternak lembu supados mboten ngumbar rajakaya dhateng  Tempat  Pembuangan Sampah Piyungan. Mboten wonten pranatanipun kangge ngawisi  peternak pramila Dispertahut namung badhe suka pamrayogi kemawon. Mboten namung mligi tumrap peternak sarta para blantik ugi dipun prayogekaken supados mboten tumbas lembu saking Tempat Pembuangan Sampah. Kejawi kasarasanipun mboten dipun tanggel, lembu ingkang nedha uwuh ngandhut timbal lan bahan bebayani sanesipun, dagingipun kirang sae menawi dipun konsumsi.

Ngantos samangke wonten atusan lembu ingkang dipun umbar dhateng TPST Piyungan. Saben wonten truk ingkang mbungkar uwuh, sareng tukang rongsokan, lembu ingkang dipun umbar, ugi nedha uwuh. Kawontenan kasebat inggih dilematis lan kedah tumuli dipun tertibaken. Ewa semanten kangge nanggel kasarasan  masyarakat kedah wonten pranatan awisan  ngumbar lembu dhateng Tempat Pembuangan Sampah. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.