Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Perajin Senik

Perajin Senik

Purworejo, www.jogjatv.tv – Ngantos samangke saperangan warga Desa Pucang Agung,Kecamatan Bayan Purworejo, nekuni pakaryan minangka perajin senik. Pakaryan kasebat inggih pakaryan samben kangge nambah pamedal kulawarga, awit pakaryan bakunipun inggih olah tetanen.

Desa Pucang Agung Kecamatan Bayan Purworejo Jawa Tengah ngantos samangke kawentar minangka teleng kerajinan senik awit saperangan warganipun  ngayahi pakaryan minangka perajin senik. Bahan baku kangge damel senik inggih deling, dene ingkang ngayahi pakaryan kasebat racakipun para simbah. Kanthi ngginakaken kampak ingkang landhep, obeng lan kaprigelan ngenam deling, sedinten saben  perajin saged damel senik 1-3 iji dene reginipun Rp 20.000,00 saben iji.

Salah satunggaling perajin senik, Saringah mratelakaken, damel senik minangka pakaryan samben, dene pakaryan bakunipun inggih olah tetanen. Saringah makarya minangka perajin senik wiwit taksih anem lan ayahan kasebat dipun lampahi  turun temurun.  Ngantos 60 taun Saringah taksih damel senik kangge nambah pamedalipun. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.