Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kesenian Ciblon

Kesenian Ciblon

Klaten, www.jogjatv.tv – Seni ciblon , inggih   kesenian ingkang dipun ayahi dhateng toya, blumbang punapa dene lepen, kanthi keplok-keplok dhateng salebeting toya. Seni ciblon ngantos samangke taksih dipun leluri dening warga Desa Pluneng, Kecamatan Kebonarum, Klaten , Jawa Tengah.

Seni ciblon dipun ayahi dening 5 seniman saking desa pluneng, ingkang keplok-keplok lan ngasilaken wirama ingkang laras, lagu ingkang dipun tembangaken inggih lagu dolanan sarta lagu daerah, ingkang dipun olah kaliyan seni tari, ndayani pagelaran ciblon tansaya mranani. Miturut salah satunggaling seniman, Nunik, seni ciblon madeg ing taun 2005 lan asring dipun tanggap dhateng sawetawis wewengkon.

Kajawi seni tari, seni ciblon ugi dipun olah kaliyan seni teater, seni pantomin lan seni sanesipun. Seni ciblon tansah narik kawigatosan masyarakat.

( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.