Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ketiga Panjang, Pasudiyan Pangan Cekap

Ketiga Panjang, Pasudiyan Pangan Cekap

Bantul, www.jogjatv.tv – Ketiga panjang ingkang dumados dhateng sawetawis wewengkon Indonesia njalari laladan pasabinan kekirangan toya, ngancam ketahanan pangan nasional.

Miturut Kepala Badan Ketahanan Pangan Dan Penyuluh Pertanian , BKP3 Bantul, Pulung Haryadi sakawit nate kuwatos menawi tumempuhing ketiga panjang badhe ngancam ketahanan pangan ing Bantul, BKP3 Bantul lajeng ngerigaken penyuluh pertanian lan penyuluh swadaya kangge ngampingi petani. Kadang tani ingkang irigasinipun boten ajeg, dipun prayogekaken nanem palawija. Kanthi kupiya kasebat, ketahanan pangan ing Bantul saged kacekapan sinaosa kekirangan toya. BKP3 Bantul kepara saged nanggel pasudiyan bahan pangan taksih cekap kangge nyekapi kabetahan ngantos 5 wulan ngajeng .

Kejawi ngindakaken produktivitas pantun minangka bahan pangan utama masyarakat, Badan Ketahanan Pangan Dan Penyuluh Pertanian ugi ngajak petani supados nanem bahan pangan lokal dhateng pekawisan griya,. Antawisipn tela kaspa , tela rambat , jagung lan woh-wohan supados saged mujudi ketahanan pangan sarta ngindhakaken pamedal masyarakat . ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.