Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Dppk, Ujicoba Pertanian Tumpangsari Yumina- Bumina

Dppk, Ujicoba Pertanian Tumpangsari Yumina- Bumina

Sleman, www.jogjstv.tv – Kangge ngindhakaken pamedal kadang tani, mliginipun ingkang sabinipun ciyut, Dinas Pertanian Perikanan Dan Kehutanan, DPPK Kabupaten Sleman nindakaken ujicoba pertanian tumpangsari , Budidaya Ikan Dengan Tanaman Sayuran – Yumina sarta Budidaya Ikan Dengan Tanaman Buah – Bumina.

Ujicoba nanjakaken blumbang permanen cacah 3, ukuran 2 x 4 meter persagi. Blumbang kangge ngingah lele dene sapinggir blumbang dipun tanemi sayuran lan woh-wohan, ingkang dipun tanem dhateng pot . Taneman dipun ocori toya saking blumbang, dipun ilekaken ngangge pipa lan dipun sedot ngangge pompa toya. Taneman ingkang dipun tanem kanthi sistem tumpangsari Yumina lan Bumina tetela tuwuh ngrembaka dene ulam lele ingkang dipun ingah ugi cepet ageng kangakah saged mimbubi pamedal kadang tani.   Miturut Kepala Dinas Pertanian Perikanan Dan Kehutanan Sleman, Widi Stikno, budidaya pertanian sistem tumpangsari Yumina -Bumina boten betahaken pekawisan ingkang wiyar lan trep dipun ayahi dening para ibu.   Awut saking punika, sistem kasebat badhe dipun gethk tularaken dhateng Kelompok Wanita Tani ing Sleman, kangge ngindhakaken karaharjan kulawarga. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.