Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kerajinan Saking Deling

Kerajinan Saking Deling

Bantul, www.jogjatv.tv – Sinaosa saperangan perajin ing Kabupaten Bantul samangke pisambat awit sepenipun pasar global jalaran stabilitas ekonomi donya saweg ringkih, nanging tumrap saperangan perajin dados kalodhangan kangge bikak pasar ekspor. Kadosta kridha ingkang dipun ayahi dening Sudartik Widarso, Warga Padhukuhan Bakulan, Trirenggo Bantul ingkang saged dados tepa tuladha tumrap perajin sanes. Sinaosa samangke kathah perajin ingkang kukut jalaran kaperbawan stabilitas perekonomian global nanging Sudartik gumregah pados peken enggal lan nawakaken kerajinan wohing pakaryanipun dhateng nagari ngamanca. Menawi sakawit ingkang dados jujugan namung Australia nanging samangke ugi wiwit nawakaken kerajinan dhateng Eropa lan Amerika tetela rerenggan tembok wohing pakaryanipun dipun remeni warga ngamanca. Kepara kangge nyekapi welingan Sudartik kedah nambah tenaga karya ngantos 65.

Miturut Sudartik, kangge njagi peken ngamanca pancen boten gampil. Mutu produk lan design enggal dipun betahaken supados konsumen ngamanca boten bosen. Kajawi punika kedah nawakaken kanthi regi samurwat. Bab wau ingkang tansah dipun engetaken Sudartik dhateng tenaga karyanipun. (Anang Zainuddin)

Share this with friends

Comments are closed.