Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kerajinan Miniatur Saking Goni

Kerajinan Miniatur Saking Goni

Solo, www.jogjatv.tv – Barang bekas menawi saged anggenipun ngemonah, saged dados barang ingkang gadhah aos ekonomi. Bab punika ingkang dipun lampahi dening satunggaling warga ing Kitha Solo ,Jawa Tengah, kanthi ngemonah karung goni lan kajeng kangge damel produk kerajinan miniatur pakaryan ingkang karang padhusunan. Dene asil kerajinan punika sampun rumambah dhateng peken Asia.

Sinaosa prasaja nanging miniatur maneka lampah pakaryan ing karang padhusunan tetela kathah ingkang remen. Produk kasebat inggih asil kaprigelanipun Winarto, salah satunggal warga Solo,Jawa Tengah. Piranti lan bahan ingkang dipun betahaken ugi prasaja, kadosta kawat, lem, kajeng, badhe lan karung goni. Winarto miwiti lampah usahanipun watawis sedasa taun kapengker. Kawiwitan saking kathahing karung goni ingkang boten kangge, Winarto nyobi ngemonah dados maneka wujud kerajinan. miniatur kridha padintenan ing karang padhusunan, kadosta petani, tukang kayu lan gerobag lembu. Miniatur saking karung goni bekas punika, sampun asring tumut pameran kerajinan, dene ingkang kathah weling inggih konsumen ngamanca.

Wohing pakaryanipun Winarto dipun sade kanthi regi Rp 35.000,00 ngantos Rp 1,5 yuta gumantung cakrik lan angelipun damel. (Heru Kristianto)

Share this with friends

Comments are closed.