Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

FKKBA Tetinjo Dhateng Gembiraloka

FKKBA Tetinjo Dhateng Gembiraloka

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Komunitas pengelola kebun binatang ingkang manunggal salebeting Forum Kerjasama Kebun Binatang Dan Aquaria (FKKBA) DIY – Jateng tetinjo dhateng Kebun Raya Dan Kebun Binatang Gembiraloka. Salebeting kalodhangan kasebat rombongan FKKBA DIY – Jateng nyobi sawetawis fasilitas rekreasi ing Gembira Loka. Rombongan saking 17 perwakilan pengelola obyek wisata kasebat ngestreni pepanggihan ingkang ajeg dipun adani 6 wulan sepisan dene papanipun gentosan dhateng saben warganing forum. Kridha kasebat ngiras kangge nyemak fasilitas lan koleksi sato ing Gembiraloka. Miturut Ketua FKKBA DIY -Jateng, Junjung pepanggihan kasebat ugi dados kalodhangan kangge tukar kawruh punapa dene tukar sato ing antawisipun pengelola kebun binatang lan obyek wisata. (Hari Atmaja)

Share this with friends

Comments are closed.