Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Petani Pisambat Paneraking Inser

Petani Pisambat Paneraking Inser

Klaten, www.jogjatv.tv – Awit tanemanipun katerak inser, para petani ing Desa Demakijo, Kecamatan Karangnongko, Klaten Jawa Tengah namung saged pasrah dhateng kawontenan. Kadosta ingkang dipun alami dening salah satunggaling petani, Sudardi, warga Demangan, Desa Demakijo, Klaten Jawa Tengah. Sampun watawis seminggu pungkasan, taneman pantun gadhahanipun kathah ingkang garing lan pejah. Sudardi mratelakaken menawi sakawit sampun mangertos kathah damen ingkang semu abrit lan garing. Bab punika njalari tuwuh pangrembakaning taneman pantun boten saged sae. Maneka cara sampun dipun tempuh dening Sudardi kangge ngawekani paneraking inser nanging asilipun boten maremaken.

Miturut Sudardi ugi kathah petani ingkang ngalami bab ingkang sami. Para petani ngajab wontenipun kawigatosan saking dinas ingkang magepokan awit menawi boten tumuli dipun awekani, ing mangsa tanem samangke para petani kuwatos gagal panen. (Sri Haryadi)

Share this with friends

Comments are closed.