Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Jalan Sehat Pengetan Hari Buruh

Jalan Sehat Pengetan Hari Buruh

Sleman, www.jogjatv.tv – Nuhoni janjinipun, salebeting mengeti May Day utawi Hari Buruh Sedunia, para buruh saking sawetawis perusahaan ing Sleman boten  badhe unjuk rasa. Awit saking punika, para buruh tumut kridha   jalan sehat lan  bakti sosial donor darah.

Jalan sehat pengetan  Hari Buruh Sedunia ing Kabupaten Sleman boten namung dipun estreni dening  para buruh kemawon nanging  ugi para pengusaha lan pejabat Pemkab Sleman.  Pasarta jalan sehat dipun bidhalaken dening Bupati Slema, Sri Purnomo ing Lapangan Beran. Miturut Ketua Serikat Pekerja Seluruh Indonesia (SPSI) Kabupaten Sleman, Legowo, sengaja ngadani kridha jalan sehat  lan donor darah salebeting pengetan Hari Buruh awit kridha kasebat langkung migunani tinimbang  demo. Kacihna demo pengetan  Hari Buruh, ngantos samangke boten nate pikantuk tanggapan gumathok kosok wangsulipun kepara kathah  karyawan, ingkang dipun pecat satemah nuwuhaken kapitunan tumrap  karyawan punapa dene pengusaha. Awit saking punika,  buruh ing Sleman mufakat, saben mengeti hari buruh boten ngadani unjuk rasa.

Bupati Sleman, Sri Puromo nyengkuyung pengetan  Hari Buruh kanthi  kridha jalan sehat lan donor darah kasebat awit sakelangkung migunani lan ndayani tentreming swasana. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.