Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kirab Buku Pengetan Hardiknas

Kirab Buku Pengetan Hardiknas

Sleman, www.jogjatv.tv – Maneka kupiya dipun lampahi kangge grengsengaken  minat baca masyarakat. Salebeting pengetan Hari Pendidikan Nasional sarta  mahargya pengetan Hari Buku Nasional , tanggal 17 Mei benjing,  Komunitas Taman Baca Cakruk Pintar, Kampung Nologaten, Caturtunggal, Depok, Sleman, Nggelar Kirab Gunungan Buku.

Pengelola Taman Baca Cakruk Pintar ngajak lare-lare kampung sakiwa tengenipun kangge tumut  Gerakan Gemar Membaca. Atusan lare, warganing Komunitas Taman Baca Cakruk Pintar ngarak gunungan buku , mubeng kampung.  Ancasing kridha kangge biwarakaken wigatinipun budaya membaca tumrap masyarakat. Salah satunggaling siswa SD, Lulu Melani nelakaken asring nyambut buku dhateng  Cakruk Pintar.

Taksih andhapipun minat baca masyarakat kupiya dipun ewahi dening  pengelola ingkang ugi  penggagas Taman Baca Cakruk Pintar. Angkahipun ing tembe boten namung lare-lare ingkang greget maos nanging sumrambah dhateng  sedaya kalangan masyarakat.

Warganing  Cakruk Pintar, gadhah  kartu mligi kangge  nyambut buku dene dhateng Cakruk Pintar, ingkang dipun tata kanthi konsep santai kasebat   cumawis  4.000 judul buku sarta  buku  mata pelajaran. ( Fauzan Ahmad )

Share this with friends

Comments are closed.