Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Hardiknas Kanthi Budaya Jawa

Hardiknas Kanthi Budaya Jawa

Klaten, www.jogja tv.tv – Pengetan hari pendidikan nasional ing Klaten Jawa Tengah dipun tindakaken kanthi suwasana budaya jawa. Para pasarta upacara ngangge busana adat jawa, kadosdene nalika pengetan Hari Kartini lan pengetan ambal warsa Kabupaten Klaten.

Dinas Pendidikan Kabupaten Klaten tumemen anggenipun njurung pangrembaka lan lestarining budaya jawa. Salah satunggalipun nalika pengetan Hari Besar Nasional, Upacara tansah dipun gelar kanthi suwasana budaya  jawa, kadosta ngangge busana jawa lan upacara kanthi aba-aba Basa Jawa, kados lampahing upacara Hardiknas Kecamatan Bayat lan SMP Negeri 1 Jatinom Klaten.

Kepala UPTD Pendidikan Kecamatan Bayat Triono ngajab, upacara Hardiknas kanthi budaya jawa badhe nuwuhaken raos tresna dhateng bumi pertiwi lan budaya bangsa.

Bab ingkang sami ugi dipun andharaken dening Kepala SMPN 1  Jatinom, Tri Daryanti, upacara bendera kanthi  ngecakaken budaya jawa inggih salah satunggaling kupiya kangge nggatra watakipun siswa ingkang kaajab boten namung lantip nanging ugi gadhah bebuden luhur. (Purwanto)

Share this with friends

Comments are closed.