Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Gladhen Sesorah Lan Ngadi Busana Jawi

Gladhen Sesorah Lan Ngadi Busana Jawi

Sleman, www.jogja tv.tv – wiwit tumapak wulan November , seminggu sepisan tokoh masyarakat Desa Sendangmulyo, Kecamatan Minggir, Sleman,gladhen sesorah lan ngadi busana jawi . Salebeting kalodhangan kasebat pasarta dipun sukani seserepan lan praktek sesorah sarta tatacara ngadi antawisipun miru sinjang, ngagem sinjang, ngangem dhuwung, surjan lan blangkon .

Miturut Ketua Desa Budaya Sendangmulyo, Jemirin, dening Pemerintah Daerah DIY, desa sendangmulyo sampun dipun kepyakaken minangka desa budaya awit saking punika, gladhen sesorah lan ngadi busana tradisional kangge njurung masyarakat supados handarbeni kagunan budaya wewengkon mliginipun sesorah lan ngadi busana ingkang trep

Kades Sendangmulyo, Sukapsir nyengkuyung kupiyanipun pengelola Desa Wisata Budaya Sendangmulyo salebeting ngleluri kagunan budaya pramila pemerintah desa nyawisaken redana kangge pengelolaan Desa Wisata Sendangmulyo. (Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.