Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Wisata Lan Selfie Dhateng Kebon Krisan

Wisata Lan Selfie Dhateng Kebon Krisan

sleman, www.jogjatv.tv – Prasasat warga Desa Hargobinangun, Kecamatan Pakem, Sleman makarya minangka petani sekar krisan.

Kaendahan sekar tansah mranani tumrap sok sintena kemawon. boten nggumunaken sasampunipun dipun unggah dhateng media sosial, taman amarilis, ing Desa Beji, Kecamatan Patuk, Gunungkidul regeng dipun dhatengi warga. Emanipun pepinginan kangge foto selfie kepara njalari sekar ingkang mekar setaun sepisan ing wiwitan mangsa rendheng kasebat, risak jalaran kepidak-pidak.

Kajawi Gunungkidul, Desa Hargobinangun, Pakem Sleman, inggih teleng budidaya sekar krisan. Sekar krisan trep dipun tanem dhateng daerah Subtropika, ingkang inggilipun 500 ngantos 800 meter saking lumahing seganten.

Beda kaliyan sekar amarilis ingkang mekar setaun sepisan, sekar krisan mekar kaping 3 ngantos 4 salebeting setaun pramila gampil kapanggihaken dhateng toko sekar. Ngupakawis sekar krisan betah kawigatosan mirungan, antawisipun sasampunipun dipun deder, bibit sekar krisan kedah dipun rabuk ngginakaken rabuk kandang lan irigasi kedah cekap. Kajawi punika,sekar krisan ugi betahaken sunaring surya ingkang cekap, dene suket ingkang thukul dhateng sakiwa tengenipun kedah dipun bubuti.

salah satunggaling petani sekar krisan, Tri Atmojo nekuni pakaryan minangka petani krisan wiwit taun 2012 dene bibitipun dipun dhatengaken saking Cipanas, Bandungan, lan Ambarawa. Asil panenipun dipun sade dhateng tlatah Kota Baru, Ngayogyakarta.

Kebon sekar krisan ugi dipun tanjakaken kangge papan wisata sarta foto latar sekar krisan, kanthi tarip Rp 15.000,00, sinaosa makaten tumrap warga ingkang foto kaajab tumut njagi lestarining taneman supados sekar krisan boten risak.

 

Kajawi punika, warga ugi saged mundhut sekar krisan kanthi regi Rp 2.000,00 saben iji. (Twin Kumilah)

Share this with friends

Comments are closed.