Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Tradisi Jolenan

Tradisi Jolenan

Purworejo, www.jogjatv.tv – Minangka pratelan raos syukur dhumateng gusti ingkang hakarya jagat warga Desa Somongari Kecamatan Kaligesing Purworejo nindakaken upacara adat saparan Merti Desa Somongari utawi Tradisi Jolenan.

Upacara kapurwakan kirab puluhan jolenan, inggih punika gunungan ingkang rinakit saking janur kangge wadah tumpeng. Ingkung lan wulu wedaling bumi. Kirab bidhal saking Balai Desa Somongari kanthi manggala yuda kepala desa ingkang nitih kuda. Sasampunipun dipun kirab, jolenan dipun bekta dhateng pendhapi pasareyan eyang Kedono Kedini cikal bakal Desa Somongari. Salajengipun warga dedonga sesarengan nuli dhahar kembul.

Miturut Kades Somongari. Mistiyah. upacara adat jolenan dipun tindakaken 2 taun sepisan. saben dinten Selasa wage ing wulan Sapar penanggalan jawi. Upacara adat dipun tindakaken kanthi swadaya ngecakaken redana Rp 300 yuta. (Pambudi Nugraha)

Share this with friends

Comments are closed.