Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Gizi Seimbang Kunci Gesang Sehat Lan Produktif

Gizi Seimbang Kunci Gesang Sehat Lan Produktif

Klaten, www.jogjatv.tv —  Persatuan Ahli Gizi (Persagi) Klaten ngadani konseling gizi tumrap masyarakat. Persagi ngajab supados masyarakat nyukani gizi seimbang dhateng lare lan brayatipun supados sehat, lantip sarta monjo prestasinipun.

Miturut Nutrisionis, Rsup Dokter Soeraji Tirtonegoro Klaten, Ririn Yuliati, pola makanan dengan gizi seimbang, inggih punika, karbohidrat, protein nabati- hewani, sayuran lan woh-wohan sarta vitamin lan mineral. Gizi seimbang ingkang kinandhut salebeting tetedhan ingkang dipun konsumsi ugi kedah ngandhut vitamin mineral, saking sayuran lan woh-wohan. Tumrap warga ingkang kadar kolesterolipun mindhak lan asam urat,kedah nyuda tetedhan kanthi kadar lemak tinggi sarta nyuda tetedhan ingkang asin lan manis. Bab kaebat jalaran tetedhan ingkang asin lan manis, saged ngindhakaken kadar kolestrerol, obesitas lan ngindakaken kadar gula darah langkung saking nilai rata-rata. Ing Klaten cacahing panandhang diabetes kapetang kathah, bab wau dados titikan bilih pengetahuan gizi seimbang masyarakat taksih kirang.

Bab sami ugi dipun telakaken dening Ketua Persagi Klaten, Muhamad Riskihan. Awit saking punika, pehakipun suka ladosan konseling gizi tumrap masyarakat supados derajat kesehatan masyarakat mindhak. ( Purwanto )

 

Share this with friends

Comments are closed.