Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ngangkat XT Square Lumantar Seni Budaya

Ngangkat XT Square Lumantar Seni Budaya

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Maneka kupiya dipun tindakaken dening pemerintah kangge ngangkat destinasi wisata tlatah Kota Yogyakarta, antawisipun XT Square. Dinas Pariwisata Dan Kebudayaan Kota Yogyakarta ngadani pagelaran seni budaya, amrih XT Square saya kuncara ing madyaning masyarakat.

Sinaosa sampun tigang taun madeg, nanging XT Square ingkang dipun kepyakaken minangka pasar seni dan kerajinan Kota Yogyakarta, ngantos samangke taksih sepen. Kamangka ing XT Square ugi dipun gelar maneka kridha seni antawisipun musik pop, jazz, lan dangdut. Kajawi punika ing XT Square ugi cumawis papan ingkang sekeca kangge mlempak sesarengan kulawarga pramila XT Square trep kangge jujugan papan wisata tumrap masyarakat punapa dene wisatawan domestik lan ngamanca.

Kangge ngangkat XT Square sarta kangge ngindakaken kunjungan wisatawan, Pemkot Yogyakarta lumantar Dinas Pariwisata Dan Kebudayaan Kota Yogyakarta ngadani maneka kridha seni budaya ing papan kasebat, antawisipun ngadani pagelaran dagelan mataram, dinten Minggu (22/11). Gumelaring kridha ingkang dipun sengkuyung dening para seniman lokal kasebat, kaangkah dados daya tarik tumrap masyarakat supados greget dhateng ing XT Square sarta ningali pagelaran kasebat. Tetela boten namung tiyang sepuh kemawon ingkang kalipur, para rumaj lan lare-lare ugi katingal remen ningali dagelan mataram. ( Twin Kumilah )

Share this with friends

Comments are closed.