Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Destinasi Wisata Endah Ing Nusa Tenggara

Destinasi Wisata Endah Ing Nusa Tenggara

Lombok, www.jogjatv.tv – Tigang papan wisata ing kepulauan Lombok Utara, Nusa Tenggara Barat inggih papan papan wisata ingkang endah. Salah satunggalipun inggih Gili Meno, ingkang ing taun punika nampi pangalembana minangka wisata bahari ingkang endah piyambak ing Indonesia, kepara ugi Internasional. Kejawi suwasana wanci surup surya ingkang endah, tetingalan salebeting seganten ugi sakalangkung anglam-lami.

Kangge tumuju dhateng papan wisata bahari Gili Meno, Gili Trawangan lan Gili Air, ingkang dumunung ing Desa Gili Indah, Kecamatan Pemenang, Lombok Utara, Nusa Tenggara Barat, kedah langkung pelabuhan teluk nare. Saking pelabuhan punika kanthi numpak prau sewan, wisatawan saged tumuju dhateng tigang papan wisata bahari kasebat, kanthi nempuh lampah kirang langkung 20 menit.

Dumugi Gili Trawangan, badhe katingal kaendahaning pesisir pasir putih, kanthi suwasana ingkang taksih alami lan asri, satemah ing pulo punika ugi kathah wisatawan ngamanca ingkang plesir. Ing pulo punika boten wonten sepedha motor, dene kangge sarana transportasi cumawis sepedha lan andhong utawi dokar. Dene kaendahan ing Gili Meno inggih tetingalan salebeting seganten ingkang anglam-lami. Tumrap ingkang saged nyilem, wisatawan saged ningali kaendahan punika kanthi nyilem dhateng seganten, dene ingkang boten saged nyilem sampun cumawis prau ingkang dhasaripun kaparingan kaca, satemah saged ningali kaendahan punika saking sanginggiling prau. Ing taun 2016 samangke, Gili Meno nampi predikat wisata bahari endah piyambak sa Indonesia. Kejawi Gili Trawangan lan Giri Meno, Gili Air ugi papan wisata ingkang endah. Wonten ing Gili Air gumelar pesisir pasir putih lan ugi  taman burung kanthi maneka koleksinipun. Kejawi punika ugi wonten tlaga toya asin ingkang kawentar kangge snorkeling.

3 destinasi wisata bahari punika inggih papan wisata unggulaning lombok, ingkang saben mangsa liburan tansah kathah wisatawan ingkang plesir dhateng papan punika saking saindenging Indonesia kepara ugi ngamanca.

( Muhammad Sugeng )

Share this with friends

Comments are closed.