Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Reboisasi Bantaran Bogowonto

Reboisasi Bantaran Bogowonto

Purworejo, www.jogjatv.tv – Bantaran lepen bogowonto ingkang kritis jalaran kenging erosi ndudut kawigatoanipun puluhan warga peduli sungai bagawanta kangge nindakaken reboisasi bantaran lepen bogowonto. Reboisasi punika dipun tindakaken dhateng wewengkon Desa Semawung Kecamatan Purworejo. Miturut salah satunggaling warga Desa Emawung, Muwarni Karso, risakipun bantaran lepen bogowonto inggih awit jalaran erosi. Menawi namung dipun kendelaken kemawon badhe saged njalari longsor, awit saking punika trep sanget menawi dipun tanemi deling.

Kawontenan bantaran lepen bogowonto ingkang kritis ngancam pasabinan ing bantaran lepen ingkang samangke sampun kagerus ilenan lepen. Ing tembenipun warga peduli sungai bogowonto badhe tansah nindakaken reboisasi dhateng bantaran lepen, tembayatan kaliyan Pemkab Purworejo.

(  Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.