Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

5 Hektar Pantun Rebah

5 Hektar Pantun Rebah

Bantul,www.jogjatv.tv – Jawah deres sinartan barat ageng ingkang asring tumempuh ing wewengkonKecamatan Sedayu, Kabupaten Bantul,  sawetawis dinten pungkasan, njalari kathah taneman pantun ing wewengkon kasebat rebah. Kejawi njalari kathah gabah ingkang rontog, rebahipun taneman pantun punika, ugi njalari petani kangelan anggenipun badhe manen.

Miturut para petani, taneman pantun ing wewengkon Desa Argorasi, Kecamatan Sedayu, Bantul ingkang rebah punika wiyaripun langkung saking gangsal hektar lan racak taneman sampun umur sangangdasa ngantos satus dinten, ndungkap wanci panen. Awit kathah gabah ingkang gogrog pramila dipun dugi asil panen badhe suda antawis kalihdasa persen saking asil panen limrahipun. Supados taneman pantun ingkang rebah punika boten kembengan toya, pramila saperangan petani kupiya ngedegaken malih taneman pantun ingkang rebah kasebat. Dene ingkang sampun dungkap wanci panen, dening para petani tumuli dipun panen. Para petani nelakaken, manen pantun ingkang rebah langkung angel tinimbang taneman ingkang taksih jejeg.

Rutinah ugi mratelakaken, taneman pantun ingkang rebah, menawi wulenipun kekum toya, mutu gabah badhe awon. Bab kasebat awit menawi dipun giling, uwos badhe katingal pucet lan gampil pecah, satemah regi panyadenipun ugi langkung mirah.  ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.