Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Desa Prapag Lor Pituruh Teleng Program TMMD 2016

Desa Prapag Lor Pituruh Teleng Program TMMD 2016

Purworejo, www.jogjatv.tv – TMMD Sengkuyung rambahan kaping kalih dipun kepyakaken dening Asisten Satu Bupati amakili Bupati Purworejo ing Desa Prapag Lor Kecamatan Pituruh Purworejo, dinten Selasa (20/9) siyang.TMMD dipun telengaken ing Desa Prapag Lor kanthi mbangun margi rabat beton panjang 700 meter kanthi ndayakaken TNI lan masyarakat.

Kepyakan dipun tandhani  kanthi masrahaken piranti dhateng  warganing TNI punapa dene masyarakat, dipun ampingi kapolres lan dandim dene upacara dipun estreni dening warganing TNI, Polri, Satpol PP, FKPPI,Tokoh masyarakat sarta siswa  SMA.

TMMD sengkuyung rambahan kaping kalih taun 2016 dipun telengaken kangge damel rabat beton ing Desa Prapag Lor panjang 700 meter minangka margi baku tumrap  masyarakat. Wonten ing kalodhangan kasebat Asisten Satu, Murwanto kaampingi kapolres lan dandim nyemak kawontenan margi ingkang badhe dipun bangun. Kejawi rabat beton salebeting TMMD ugi dipun adani program bedah rumah bantuwan saking salah satunggaling bank ing Jawa Tengah. Kridha TMMD dipun tindakaken wiwit tanggal 20 September ngantos tanggal 10 Oktober 2016 . ( Pambudi Nugraha )

 

Share this with friends

Comments are closed.