Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Awisan Pados Pasir Ngginakaken Pompa Sedhot

Awisan Pados Pasir Ngginakaken Pompa Sedhot

Sleman, www.jogjatv.tv – Balai Besar Wilayah Sungai Serayu Opak Jawa Tengah  DIY, mboten ngawisi warga ingkang pados galian C lan mboten kedah pados  izin saking pemerintah. Sinaosa makaten warga dipun awisi ngginakaken pompa kangge nyedot pasir awit badhe ngrisak lestarining wewengkon.

Kepala Balai Besar Wilayah Sungai Serayu Opak Jawa Tengah dan DIY, Tri Bayu Aji mratelakaken, jumbuh Undang-Undang Penambangan, usaha penambangan pasir ngginakaken pompa sedhot kalebet usaha penambang rakyat. Pompa sedhot pasir kasebat namung kangge nyedhot pasir ing daratan kemawon pramila mboten pareng kangge nyedot pasir ing lepen. Bab wau awit pompa sedhot pasir ingkang dipun ginakaken warga kangge nyedhot pasir ing lepen tetela dayanipun sakelangkung ageng saged nyedhot pasir ingkang tebihipun  500 meter ngantos 1000 meter pramila badhe njalari risakipun lepen lan badhe njalari tanggul lepen longsor. Awit saking punika, Balai Besar Serayu Opak Jawa Tengah DIY, ngawisi warga ingkang pados  pasir ngginakaken pompa sedhot. dene ingkang dipun idini inggih pados pasir ngginakaken  piranti manual ewa semanten ugi kaajab tansah waspada dhateng bebaya lan kedah nengenaken lestarining wewengkon. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.