Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kepyakan TMMD sengkuyung tahap 2

Kepyakan TMMD sengkuyung tahap 2

Klaten, www.jogjatv.tv – Dinten Selasa (20/9) enjing mapan ing Lapangan Randhulanang, Kecamatan Jatinom , Klaten, Jawa Tengah, dipun gelar upacara kepyakan TNI Manunggal Membangun Desa (TMMD)  Sengkuyung tahap dua.   TMMD rambahan kaping kalih samangke dipun adani kridha pambangunan  fisik lan non fisik.  Kridhaning TMMD  kaangkah badhe ndayani rancaging transportasi sarta ngindakaken ekonomi warga sakiwa tengen.

Lampahing TMMD Sengkuyung rambahan kaping 2 dipun kepyakaken dening Wakil Bupati Klaten, Sri Mulyani, kanthi nuthuk kenthongan, sineksen Dandim 0723 Klaten, Letkol  Infanteri Bayu Jagat sarta Wakapolres Klaten, Kompol Hendri Yulianto.  Kalajengaken srah panampi piranti dening Wakil Bupati dhateng petugas.  Miturut Dandim 0723 Klaten Letkol Infanteri Bayu Jagat, TMMD Sengkuyung rambahan kaping 2 samangke, dipun telengaken dhateng Desa Randulanang, Kecamatan Jatinom, Klaten Jawa Tengah. Maneka kridha pambangunan ingkang badhe dipun tindakaken antawisipun betonisasi margi, ndandosi 10 unit griyaning warga, damel pekiwan 8 unit, sarta ndandosi pura. Lampahing TMMD ndayani rancaging pambangunan ing Desa Randulanang awit rancaging  transprotasi karang padesan badhe ngindakaken  karaharjan warga.

Kajawi pambangunan fisik, salebeting kridha TMMD samangke ugi dipun adani maneka penyuluhan, ladosan KB lan kasarasan.  TMMD rambahan kaping 2 samangke dipun tindakaken  21 dinten kanthi ngerigaken  120 warganing TNI. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.