Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bupati Pinilih Kaajab Migatosaken Kawula Alit

Bupati Pinilih Kaajab Migatosaken Kawula Alit

Purworejo, www.jogjatv.tv – Bupati Purworejo lan wakil bupati pinilih,  Agus Batian lan Yuli Hastuti  sarta bupati lan wakil bupati pinilih, sa Jawa Tengah,  dinten Rebo (17/2) siyang, kawisudha dening Gubernur Jawa Tengah, Ganjar Pranowo, ing Semarang, Jawa Tengah.

Wisudhan  Bupati lan Wakil Bupati Purworejo periode 2015 – 2020 kebak panjangka saking kawula alit,  ingkang sakelangkung betahaken kawigatosan amrih saged ngindakaken  karaharjanipun, kadosta  kadang bakul, berah lan petani .

Sudiharjo lan Romzatun kadang bakul ing sawingking Peken Plaza ngajab supados Peken  Baledono tumuli dipun bangun malih dene Sutrisno salah satunggaling petani ngajab supados bupati pinilih sageda  nyekapi kabetahan  irigasi mliginipun nalika mangsa ketiga. (Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.