Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Atusan Warga Rebatan Jenang Nusantara

Atusan Warga Rebatan Jenang Nusantara

Solo, www.jogjatv.tv – Salebeting Festival Jenang Nusantara Ingkang dipun gelar dhateng tlatah Ngarsopura Kitha solo . Jawa Tengah cumawis maneka jenang ingkang dipun cawiskaen dhateng warga kanthi lelahanan. Awit saking punika atusan warga ngrayah takir maneka jenang saking sawetawis wewengkon Indonesia.

Jenang inggih masakan ingkang bahan bakunipun glepung.lembut lan miraos.Jenang ingkang dipun cawisaken salebeting festival  antawisipun  jenang grendul, jenang ketan ireng, jenang sumsum, jenang mutiara,  jenang papeda saking Papua lan jenang pedas saking Kalimantan Barat.

Gumelaring Festival Jenang Nusantara inggih salah satunggaling kupiya kangge njagi lestarining kuliner tradisional. Kajawi miraos.jenang yektinipun mengku werdi wigati. Kadosta  jenang grendul ingkang mengku teges bilih gesanging manungsa  kados dene cakra manggilan. Kadang kala wonten nginggil lan kosok wangsulipun wonten ngandhap.  Yayasan Jenang Indonesia  ajeg nggelar festival jenang ngiras  kangge mahargya pengetan ambal warsa  Kota Surakarta.(Heru Kristiyanto)

Share this with friends

Comments are closed.