Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Mahasiswa Malaysia Blusukan Ing Karang Padhusunan

Mahasiswa Malaysia Blusukan Ing Karang Padhusunan

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Fakultas Ilmu Keolahragaan Universitas Negri Yogyakarta tembayatan kaliyan Universiti Pendidikan Sultan Idris Malaysia ngadani kridha bakti sosial lan pengabdian masyarakat dhateng  Dhusun Planjan, Desa Planjan, Kecamatan Saptosari, Gunungkidul. Ing dinten kapisan, para mahasiswa  nyebar bibit ulam dhateng telaga lan nanem bibit sengon. Sadanguning tigang dinten,  sawetawis  mahasiswa cumondhok  dhateng griyaning warga kangge biyantu ayahan warga ingkang dipun panggeni.  Saderengipun, lumantar  program pertukaran mahasiswa, mahasiswa UNY sampun mangertos padintenanipun warga malaysia dene samangke mahasiswa UPSI gentosan dipun tepangaken dhateng padintenan masyarakat Gunungkidul. Mahasiswa UPSI ugi badhe mucal dhateng sawetawis sekolah ing tlatah Kecamatan Saptosari. Krdihaning mahasiswa saking UPSI kasebat kaajab  mimbuhi seserepan warga Gunungkidul.

Salah satunggaling pendamping saking UPSI Malaysia, Moh Izwan Bin Shahril ngajab patembayatan kasebat  sageda ngrumaketaken  pasederekan  ing antawisipun kekalih nagari. Sasampunipun pengabdian purna, rombongan badhe ndhatengi papan-papan wisata ing Gunungkidul lan salajengipun badhe dipun biwarakaken ing  Malaysia.

 

(Anjar Ardityo)

Share this with friends

Comments are closed.